Taisirul Kholaq Terjemah Bahasa Jawa (Hak Asasi Tetangga dan Adab Pergaulan) - Mujib's Blog

Taisirul Kholaq Terjemah Bahasa Jawa (Hak Asasi Tetangga dan Adab Pergaulan)



حقوق الجيران
HAK-HAK TETANGGA

الجار : من جاورت داره دارك إلى أربعين دارا من كل جانب، وله عليك حقوق ، منها أن تبدأه بالسلام ، وأن تصنع معه المعروف ، وأن تكافئه على معروفه إذا بدأك به ، وأن تؤدي ماله عليك من الحقوق المالية ، وأن تعوده إذا مرض ، وتهنئه إذا فرح ، وتعزيه إذا أصيب ، وألا تتعمد النظر إلى نسائه ولو كن خدما له ، وأن تستر عوراته ، وأن ترد عنه المكروه بقدر ما تستطيع ، وأن تقابله بالبشاشة والإحترام

Ingkang kawastanan tetangga inggih punika tiyang- tiyang ingkang keberadaanipun wonten sanding umah kanthi itungan patang puluh umah saking sedaya arah. Tetangga inggih anggadahi pinten-pinten hak saking panjenengan, ing antarane inggih punika : Sak yogyanipun panjenengan paring salam luwih rumiyin dating tetangga. Sak yogyanipun panjenengan paring ebagusan dating tetangga lan mbales kebagusanipun menawi tetangga sampun paring kebagusan dating panjenengan. Sak yogyanipun panjenengan mangsulake hak-hak keunganipun. Sak yogyanipun panjenengan tilik menawi tetangga saweg gerah. Sak yogyanipun panjenengan paring ucapan selamat arikalane tetangga saweg bungah lan paring ucapan takziah menawi tetangga saweg susah. Sak yogyanipun panjenengan mboten usah nyawang tiyang estri kanthi sengaja walaupun niku kalian pembantue panjenengan. Sak yogyane panjenengan nutupi nopo ingkang dados kekiranganipun tetangga lan nglindungi saking kesulitan- kesulitanipun sak mampune panjenengan.

قال النبى صلى الله عليه وسلم
 Kanjeng Nabi saw sampun dawuh :

من كان يئومن بالله واليوم الاخرفليكرم جاره

“Utawi sapane wong iku ian marang gusti Allah lan dina kiyamat, mangka mulyaknaha ing tetanggane”

وعن عائشة رضي الله عنها عن النبي صلى الله عليه وسلم قال
Dewi Aisyah ra sampun ngaturaken bahwa kanjeng Nabi Muhammad saw sampun dawuh :

مازال جبريل يوصيني بالجارحتى ظننت انه سيورثه

“Malaikat Jibril as ora liren- liren aweh wasiat marang aku supaya gawe kebagusan marang tetangga, sampai- sampai tak kira yentetangga iku bakal nampa hak waris saking tanggane”.

Pramilo saking menika monggo kita sami nggateake dating tetangga kita, saling sapa menyapa, sami saling tolong tinulung kalian tetangga, sami paring penghormatan dateng tetangga supados gesang kita wonten alam nduya punika aman lan tetntrem. Ampun ngantos malah sak walike, kita sami musuh musuhan kalian tetangga, sami adu domba, sami tukar padu, sami cek cok, setuhune perkawis punika sanget anggenipun dilarang kalian agami.

آداب المعاشرة
TATA KRAMA PERGAULAN

آدابها كثيرة ، منها طلاقة الوجه ، ولين الجانب والإصغاء إلى حديث العشير ، والوقار بلا كبر ، والسكوت عند العرب ، والصفح عن الزلل ، والمواساة وترك الإفتخار بالجاه والغنى فإن ذلك موجب للسقوط من أعين الناس، ومنها كتمان السر لأنه لا قيمة لمن لا يكتم الأسرار

Tata karma ingdalem pergaulan menika wonten macem-macem, ing antarane inggih punika : Sak yogyane tiyang punika selalu ajer raine (murah senyum) kalian tiyang sanes. Sak yogyane tiyang punika anggadahi sifat lemah lembut kalian tiyang sanes. Sak yogyane tiyang punika mirengake ucapane tiyang sanes. Sak yogyane tiyang punika anggadahi sikap jatmika lan mboten sombong kalian tiyang sanes. Sak yogyane tiyang punika meneng arikalane guneman kalian tiyang sanes, tegesipun mboten nyela menawi tiyang sanes saweg ngomong. Sak yogyane tiyang punika ngapunteni dating kaluputane tiyang sanes. Sak yogyane tiyang punika kedah saling damel kebagusan. Sak yogyane tiyang punika mboten sami mbangga ake kedudukan lan kesugihanne, keranten ingkang kados menika saged nyebab ake salah setunggaling tiyang runtuh (hina) saking tiyang sanes. Sak yogyane tiyang punika nyimpen rahasiane tiyang sanes, keranten tiyang punika mboten wonten nilaine menawi mboten saged nyimpen sedyane rahasia. 

قال الشاعر
اذا ما المرء لم يحفظ ثالاثا   #  فبعه ولو بكف من رماد
وفاءللصديق وبذل مال   #  و كتمان السرائرفي الفئواد

Kyai sy’ir sanpun ngendika : “Nalikane wong iku ora bisa njaga telung perkara, mangka ora berharga walaupun dibandingake karo sak gegeme awu, rupane nuhoni marang kancane (setia kawan) lan aweh arto, lan nyimpen pinten- pinten rahasiane."

Pergaulan menika salah setunggaling proses interaksi ingkang dipun lampahi dating individu kalian individu, saged ugi individu kalian kelompok utawa kelompok kalian kelompok. Manungsa minangka makhluk sosial ingkang artosipun manungsa sebagai makhluk sosial ingkang boten saged ucul saking manungsa lintunipun. Pergaulan anggadahi pengaruh ingkang ageng ingdalem pembentukan kepribadian individu. Pergaulan ingkang dipun lampahi punika anggabarake keprinbadian, duko niku pergaulan positif utawa negative.

Pergaulan positif saged arupi kerjasama antara individu utawa kelompok ingdalem perkawis ingkang sae. Balik rupane pergaulan negative punika luwih angarah kalian pergaulan ingkang bebas, hal menika lah ingkang patut dipunhindari dating kita sedaya.

Sederek ingkang minulya, kita sampun mngertos bilih pergaulan punika mboten saged dipun lampahi kanthi piambakan, keranten menika monggo kita sami njagi tata karma kita ingdalem pergaulan kalian tiyang sanes. Kita kedah paring rasa nyaman dating tiyang sanes, minimal pas kita sami kepanggih, ajer praupane utawi wajah ingkang srumingah, dados tiyang ingkang ketemu ngrasa bungah. Kita ugi dipun anjurake njagi punapa ingkang dados rahasiane tiyang lintu, keranten menawi rahasia punika kita buka, saged ndadosake mangkele tiyang sanes, ingkang langkung medeni inggih saged dados permusuhan, akhire sami nyalahake, sami ngraos bener sedanten kanthi mboten wonten sek purun ngalah. La nek sampun kados menika kan repot. Disawang nggih mboten ngepenake ati. Pramilo monggo kita sami gesang kanthi tata karma ingkang sae supados mugi- mugi kita tansah dipun paringi ridha dateng Gusti Allah swt kangge ngibadah. amiin 


Comments


EmoticonEmoticon