Kelawan Nyebut Asmane Gusti Allah kang Maha Welas Asih Ingdalem Dunya Lan Akhirat
MUQODDIMAH
الحمد لله الكريم الخلاق ، والصلاة والسلام على سيدنا محمد المبعوث لتتميم مكارم الأخلاق وعلى آله وأصحابه ما جرى قلم التلخيص والبيان على صفات الاوراق
Utawi sekabehane puji kang patang perkara iku kagungane gusti Allah kang Maha Mulia tur kang nitahake. Utawi tambahe rohmat tadhim mugi tetep katur kunjuk dateng bendara kita inggih punika Nabi Muhammad saw kang den utus kanggo nyempurna ake akhlaq (budi pekerti kang mulya), lan keluargane sarta sahabat- sahabate Nabi saw. Selawase pena tasih dipun agem kangge ngrangkum lan nerangake ingatase lembaran kertas.
أما بعد فهذا مختصر في علم الأخلاق الدينية وضعته لطلاب السنة الاولى الأزهرية وسميته تيسير الخلاق فى علم الأخلاق فقلت وبالله العصمة وبيده اتمام النعمة
Kitab alit niki inggih menika ilmu moral agama ingkang sengaja kula susun kangge murid- murid kelas setunggal Ma’had Al-Azhar lan kula paringi nami TAISIRUL KHOLAQ FI ‘ILMIL AKHLAQ sak lajengipun kita serahake dateng gusti Allah.
علم الأخلاق عبارة عن قواعد يعرف بها صلاح القلب وسائر الحوس وموضوعه الاخلاق من حيث التحلى بمحاسنها والتخلى عن قبائحها وثمرته صلاح القلب وسائر الحواس في الدنيا والفوز على المراتب فى الاخرة
المؤلف
Ilmu akhlaq inggih punika ilmu ingkang membahas perbaikan manah lan sedoyo indra manungsa. Motivasinipun inggih punika supados nglampahi sedaya perbuatan ingkang sae lan nebihi sedaya perkawis ingkang awon. Hasilipun inggih punika bagusnya hati lan sedayane indra sarta merkoleh ganjaran luhur wonten akhirat.
(Hafidz Hasan Al-Mas’udi)
Taqwa
التقوى هى امتثال اوامر الله عز وجل ، واجتناب نواهيه سرا وعلانية ، فلا تتم إلا بالتخلى عن كل رذيلة ، والتحلى بكل فضيلة فهي الطريق الذي من سلكه اهتدى ، والعروة الوثقى التي من استمسك بها نجا
Taqwa inggih punika nglampai sedaya perintahipun Allah swt lan nebihi sedaya laranganipun ingkang siri utawa ngedeng. Taqwane tiyang punika mboten bakal kaitung sempurna kejawi tiyang kala wau ninggalake sedaya dosa lan nglampahi kesaenan. Taqwa iku margi ingkang dados pituduh kagem ingkang nglampahi lan dados tali penyelamat kagem tiyang ingkang berpegang teguh kalian taqwa kala wau.
واسبابها كثيرة ومنها أن يتذكر إحسان الله إليه فى جميع الأحوال ومن كان كذلك لا ينبغى أن تجحد نعمته تجحد بنعمته : تنكر مع العلم بها
Anapun sebab- sebabipun taqwa inggih punika : tiyang niku sayognanipun ngraos bilih piyambake niku tiyang ingkang hina lan anggadahi Gusti ingkang Maha Kuat lan Maha Mulya. Keranten menika, tiyang ingkang hina mboten pantes menawi bade menentang Gusti Ingkang Maha Mulya, keranten sedayanipun perkawis wonten kekuasa ane Gusti. Sayogyanipun tiyang punika tetep anggenipun ngeling- eling kabagusane gusti Allah swt ingdalem sedaya kahanan. Tiyang ingkang mekaten, mangaka piyambakipun mboten pantes ngingkari nikmat pengeranipun.
ومنها أن يتذكر الموت لأن من علم أنه سيكون ، وأنه ليس أمامه إلا الجنة أو النار بعثه ذلك إلى الأعمال الصالحة حسب الإستطاعة ، ومن الأعمال الصالحة مساعدة المسلمين والنظر إليهم بعين العطف والرحمة خصوصا إذا سبق منهم إحسان إليه
Sayigyanipun tiyang punika ngandel kalian wontenipun kematian. Keranten tiyang ingkang ngndel kalian wontenipun kematian, mangka keyakinan kala wau bakal ndorong tiyang wau kangge nglampahi amal- amal sholih sak mampune, umpaminipun nulung tiyang muslim lan mandang tiyang linu kanthi kasih sayang, khususipun kangge tiyang ingkang pernah maringi jasa kalian piyambakipun.
وأما ثمرتها فسعادة الدارين، أما فى الدنيا فارتفاع القدر وجمال الصيت والذكر واكتساب المودة من الناس ، لأن صاحب التقوى يعظمه الأصاغر ، ويهابه الأكابر ، ويراه كل عاقل أنه الأولى بالبر والإحسان، وأما فى الآخرة فالنجاة من النار والفوز بدخول الجنة وكفى المتقين شرفا أن الله يقول فيهم،
Wondene buahipun inggih punika kebahagiaan ingdalem dunya lan akhirat. Tiyang ingkang bertaqwa mangka kedudukan ing dunya mulya, sae naminipun sarta ngundang simpati dateng tiyang kathah. Keranten tiyang ingkang taqwa punika bakal disayangi lan den mulya ake dateng tiyang alit sarta dipun segani dateng tiyang- tiyang mulya. Tiyang ingkang anggadahi akal bakal maringi penilaian bilih tiyang kala wau panci perlu dipun santuni lan den tulung. Anapun akhirate, tiyang kala wau bakal selamat saking urube geni neraka lan bakal mlebet wonten surga lan cukup mulya. Ssetuhune Gusti Allah swt sampun ndawuhake tiyang-tiyang ingkang taqwa wonten Al-Qur’an :
إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَواْ وَّٱلَّذِينَ هُم مُّحۡسِنُونَ
“Setuhune gusti Allah punika nyertani tiyang- tiyang ingkang taqwa lan nglampahi kesaenan.”
Sak sampunipun maos terjemah punika, mangga kita ningkatake taqwa supados termasuk ahli. Muga-muga kula lan panjenengan sedaya dipun paringi taufiq saking Allah swt lan dipun maghfirah dosanipun. Amiin.